LEGENDHA RAWA PENING
Dinten menika nami dhusun
ingkang kalebet wewengkon Kecamatan Ambarawa, Kabupaten Semarang. Kacariyos ing
Ngasem wonten padhepokan kondhang. Sedaya puthut lan endhang sebatan kangge
murid jaler lan estri sami mongkog manahipun pikantuk tuladha saking guru
ingkang asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar kagungan budi wicaksana. Dene
muridipun nama Ni Endhang Ariwulan ingkang elok lan ayu.
Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso ingkang
biyasanipun kangge nyigar pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen
wayah dalu. Kanthi ati kapeksa, piyambakipun matur dhateng Ki Hajar supados
kersa ngampili peso. Ki Hajar kaget, nanging amargi sampun mepet wekdalipun,
peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atos lan sampun
ngantos peso kaselehaken ing pangkon.
Nanging
Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika peso ical. Ni
Endhang ngadhep Ki Hajar rumaos lepat, nanging ingkang dipunlapuri boten duka.
Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan
nggarbeni. Ki Hajar Salokantara banjur dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Hajar
badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi pirantiawujud gentha utawa
klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang bayi.
Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging polahipun
kados jabang bayi sanes, saged nangis lan ngucap. Wingka katon kencana, jabang
bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih tresna ngantos dewasa. Warga ingkang
sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun ngawon-awon.
Naga ingkang sampun dewasa kalawau ing satunggaling dinten
nyuwun priksa dhumateng Ni Endhang, sinten sejatosipun bapakipun, Ni Endhang
maringi priksa menawi Ki Hajar menika bapakipun ingkang saweg tapa brata ing
Redi Telamaya.
Naga lajeng mbekta klinthingan, nusul ing Telamaya. Ni Endhang
saking katebihan ngetutaken. Naga wau medal lepen ingkang dawa, leren ing
ngandhap selo, ingkang samenika dipunwastani selo sisik lan nerasaken lampah
ngambah rawa, salajengipun liwat Kaligung, lerem malih ing satunggaling selo
ingkang nama Sela Gombak.
Boten
kesupen naga wau ngginakaken klinthinganipun.Ingkang sami sumerep lan mireng
klinthinganipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru
Klinthingan utawi Baru Klinthing.
Saking dinten, wulan lan taun sampun dipunlangkungi, Baru
Klinthing dereng saged manggihaken panggenanipun Ki hajar Salokantara. Malah
samenika kendha boten gadhah daya. Nanging saking katebihan mireng kidung
lamat-lamat kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan.
Saking ketebihan Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing ingkang
sampun manggihaken papanipun Ki Hajar Salokantara, lajeng manggen ing Sepakung.
Ni Endhang mapan ing celak sendhang. Sendhang menika lajeng kasebat Sendhang
Ari Wulana.
Ing pertapaan Telamaya, Ki hajar kaget mriksani naga ingkang
dumugi lajeng manthuk-manthuk ngormati ing sangajengipun. Ki hajar pirsa menawi
naga kalawau sanes naga ingkang ala, nanging naga ingkang gadhah manah becik.
Naga wau lajeng matur dhumateng Ki hajar Salokantara. Saya kaget Ki Hajar,
amargi boten nginten menawi naga wau saged wicanten.
Naga lajeng nyuwun pirsa, menapa leres menika dhusun Telamaya,
pertapanipun Ki Hajar Salokantara. Ki hajar ngleresaken. Baru Klinthing bingah,
lajeng matur menawi Ki hajar menika tiyang sepuhipun ingkang sampun dangu
dipunpadosi ing paran. Boten kesupen Baru Klinthing lajeng sujud. Ki Hajar
dereng pitados saestu, mila lajeng maringi pitakenan dhumateng Baru Klinthing
sinten ibunipunlan saking pundi papan dunungipun. Baru Klinthing caos
wangsulan menawi ibunipun asma Ni
Endhang Ariwulan saking Ngasem. Ugi boten kesupen Baru Klinthing nedahaken
klinthingan tilaranipun Ki hajar Salokantara.
Ki Hajar ngendika menawi klinthingan menika dereng cekap,
amarga ing donya menika boten wonten ingkang gampil, nanging kedah wonten
lelabetan lan kedah wonten panebusanipu. Supados saged dipunanggep putranipun
Ki hajar, Baru Klinthing kedah nglampahi laku tarak brata. Laku tarak brata
menika mlungkeri Redi Kendhil ngantos tepung galang.Tanpadipunmangertosi Baru
Klinthing, Ki hajar ngetutaken saking wingking.Baru klinthing lajeng mlungkeri
Gunung Kendhil ingkang dipundhawuhaken Ki Hajar, nanging sirah lan buntutipun
boten tempuk, kirang sakilan. Pungkasanipun Baru Klinthing nyambung ngangge
ilatipun. Ki Hajar lajeng medal mlumpat mungkes ilat menika.
Baru Klinthing kelaran nanging lajeng lerem manahipun. Ki
Hajar maringi priksa menawi kekiranganipun boten saged dipuntutupi ngangge
ilat, amargi ilat menika pusaka ingkang ampuh boten wonten tandhingipun. Ilat,
jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat. Yen pinuju nuju prana, bisa
amemikat, yen tan pener, bisa gawe getering jagad, “pratelane Ki hajar.
Baru Klinthing lajeng nerasaken tarak brata lan ilatipun
kedamel pusaka ingkang awujud tombak Kyai Baru Klinthing. Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri,
badanipun Baru Klinthing ingkang mlukeri redi sampun boten ketingal. Ingkang
ketingal namung suket lan wit-witan ingkang ageng ing wana. Ki Hajar lajeng
manggihi Ni Endhang, maringi priksa supados Ni Endhang mapakaken putranipun
Baru Klinthing ing Dhusun Pathok menika kanthi laku ngrame.Pathok dhusun
ingkang gemah ripah loh jinawi, nanging warganipun boten gadhah raos syukur.
Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen
raya. Salah satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran
susur, anggenipun mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul
kajeng wau badanipun naga ingkang nama Baru Klinthing.
Naga lajeng dipunkethok-kethok kangge pista. Boten
kanyana-nyana sukma Baru Klinthing ngetutaken warga ingkang mantuk sarana
njilma dados pemudha bagus, gagah nanging reged. Namanipun Jaka bandung. Nalika
pista pemudha wau nyuwun pangan nanging dipunsingkang-singkang. Pungkasanipun
pemudha wau malah dipunsukani piwulang dening mbok randha ingkang asma Ni
Endhang Ariwulana. Sasampunipun nedha lan criyos, jaka kalawau nilar pesen
menawi mangke wonten swanten gumuruh simbok kedah mlebet lesung mbekta enthong
lan sangu saprelunipun Jaka
Bandung lajeng wangsul malih ing salebeting pistanipun para warga lan nyobi
nyuwun tedhan malih.Nanging malah dipuntampik lan dipunisin-isin. Mila jaka
nantang sinten ingkang saged njabut sada wau badhe dipunsembah ping pitu.
Nanging boten wonten setunggal-setunggala ingkang saged.
Jaka bandung ingkang lajeng njabut sada wau. Sakala toya
nyembur saking siti sakathah-kathahipun, njalari banjir bandhang ngelebaken
dhusun saisinipun.Siti ingkang katut amargi sada dipunjabut dipununcalaken
mengaler lan malih rupi dados redi alit ingkang aran Gunung Kendhalisada.
Semanten ugi dhusun ingkang keleb amargi lumebering toya tilas sada, lajeng
dados tlaga ingkang bening toyanipun, ingkang katelah Rawa bening ingkan
samenika kasebat Rawa Pening.
Fabel
Kancil lan Baya
Prastawa
iki kedaden ana ing zaman peteng dhedhet ning Bumi Jawa, ora ana pepadhang
saliyane srengenge, lintang lan rembulan, dunya dikebaki tetanduran rungkut lan
gedhe-gedhe, nalikane alas isih jembar, wit-wit gedhe ngadheg mejejer,
sawah-sawah ijo royo-royo, omah-omah manungsa durung ngebaki lemah. Kewan-kewan isa guneman kayata
manungsa. Sapa sing kuwat mesthi menang. Ing zaman kuwi ana sawijining kewan,
kang awake cilik methentheng, sekel, nanging manis pawakane, yakuwi kang aran
Kancil.
Kancil
kuwi kewan sing prigel, seneng srawung karo kanca-kanca kewan liyane. Saking
bocah kuwi pinter, kadang kala kanca-kancane nganti salah ngira menawa Kancil
ki Bocah Nakal. Kancil sing diarani nakal kuwi, sakjane ora bener. Sing bener
kancil iku kewan sing pinter. Nanging menawa nemoni bebaya apa wae dheweke
mesthi isa uwal, ya mung amarga pintere, wasise lan kawicaksanane. Saking
pintere Kancil kerep slamet utawa uwal saka bebaya lan isa nylametake
kanca-kancane saka bebaya.
Ing
sawijining dina, Kancil mlaku sireng-sireng dhewekan ning tengah alas Roban.
Ndilalahe kok ya ndadak kepethuk Kali sing lagi banjir. Kancil katon mubeng
minger nggolek cara ben isa tekan panggonan tan kena bebaya. Lagi methentheng
menggalih kepiye ben isa tekan sebrang kali, dumadakan dikageti dening Baya,
sing nguwasani Kali.
”Cil!!!! Piye kabarmu, apik-apik to, kok
katon lemu awakmu, pakanmu apa Le, cah pinter…………….?”, kandhane Baya sok akrab
ro rada meden-medeni kae.
”Wooo, apik wae Lik Baya………………….semana
uga piye kabarmu, Lik?” celathune Kancil karo rada cubriya marang dheweke,
atine wis krasa nek lagi ngadhepi bebaya.
”Aku kabare apik, Cil, …….ning eman, aku
ki durung entuk pangan wis pirang-pirang dina iki, ora ana sing liwat ning kali
iki, embuh apa dha apal pa ya nek liwat kene wedi ndhak tak brakot.
Kancil cubriyane saya gedhe lan wiwit
nggolek cara ben ora kebrakot sing mbaureksa kali kuwi.
Ra let suwe ujug-ujug sikile Kancil
digujengi karo Baya,”Cil, aku ngelih banget, gelem ya tak
mangsa………….grrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrr!”.
”Sik…sik Lik, kowe mau lak kandha nek aku
rada lemu, mulakna kuwi engko ndhak marai kanca-kancamu ing kali iki dha
ngamuk, amarga ora komanan awakku. Mendhing sesuk wae nek akeh brayatmu
…………………”, kandhane Kancil karo nampel gujengane Baya.
Baya manggut-manggut, karo rada mangkel
sajake, ”Yoh, engko tak kandhanane kanca-kancaku, ning tenan lho, aja ngapusi,
tak oyak ning ngendhi wae kowe mlayu!………………”.
”Yo, Lik, tak enteni, sesuk isuk
yo…………………”.
Baya lunga saka papan kuwi arep nggoleki
kanca-kancane, karo ngobat-ngabitke buntute.
MITE JAKA TARUB
Wonten ing
satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra
kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih
menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi
ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron
menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten.
Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha.
Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.
Wontan ing
satunggaling dinten ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun
saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana
kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados
konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu
amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten
sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.
Satunggal
punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa
piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing
jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal
punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu,
amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun
wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri
sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi
sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten
percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget
amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami
gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan
widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun
wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal
pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten
satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami
widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi
Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka
Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
Wonten ing
satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub
ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila
Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun
kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun
Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep,
menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun
naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang
Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak
ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang
wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.
Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.
SAGE
PASEBAN KEMANGI
Nalika
Sultan Agung arep perang ngalawan Walanda ingBatavia, kabeh Adipati, Tumenggung
lan para penggedhe kerajaan nganakake rembugan ing kerajaan Mataram. Banjur
nemtukake panglima perange. Kang dipilih miturut kasepakatan mau yaiku
Tumenggung Bahurekso, Adipati Kendal uga dadi Gubernur Pesisir Laut Jawa.
Bahurekso
banjur nganaake rembugan kanggo persiapan perang nglawan Walanda. Dheweke ora
milih tlatah ing pendhapa kadipaten, amarga tlatah sing dienggo rembugan kudu
dirahasiakake. Banjur dipilih tlatah ing satengahing sawah, penere ing ngisor
wit gedhe. Wit kuwi ing jaman saiki diarani “wit kemangi”.
Wit
kuwi mapane ing tengah sawah (yen saiki neng tengah makam), Desa Jungsemi
Kecamatan Kangkung. Wit kemangi kuwi awujud wit kang lurus mendhuwur kaya dene
payung. Nalika para paseban nganakake rembugan ing kana, ora bisa didelok
marang wong liya amarga dipayungi dening wit kemangi. Dipayungi tegese dipegeri
nganggo “oyot mimang” kang ditandur dening Tumenggung Rajekwesi utawa Ki Gedhe
Kemangi supaya ora bisa didelok dening telik sandine Walanda. Amarga mangkono,
panggonan kuwi dijaga kanthi temen. Ora mung semono, ing kono uga dijaga kanthi
cara batin lan spiritual.
Miturut
crita tutur, oyot mimang asale saka ayat Al Qur’an. Oyot asale saka ayat. Dene
mimang dijupukake saka ayat kursi. Ing ayat kursi ana pitung tembung “Ma”,
satembung “Min” lan satembung “Man”.
Nalika
semono panggonan kang tumuju ing paseban kemangi rame banget, amarga akeh wong
dhuwuran lan leluhur Mataram tumuju ing kana. Ing saben panggonan dijaga dening
para punggawa kang asale saka kadipaten Kendal. Nalika arep menyang paseban
kemangi, ora bisa padha langsung tumuju ing kana. Ananging padha leren dhisik
ing Padhepokan Laduni Faqoh, sing duwe Tumenggung Rajekwesi. Ing padhepokan
kono nduweni daya spiritual kang gedhe banget. Panggonan kuwi diarani
desa Depok utawa Sukodadi (saiki).
Tumenggung
Rajekwesi lan Kyai Akrobudin kang direwangi dening santri-santrine ngladeni
wong-wong ndhuwuran uga prajurit sing jumlahe akeh banget. Dheweke uga nyiapake
sangu nalika perang ingBatavia. Ananging ana masalah babagan ngileni sawah.
Panggonan kang diliwati kali sing digawe dening Tumenggung Rajekwesi lan Kyai
Akrobudin, dijenengi desa Kaliyoso.
Para pimpinan
punggawa sing arep budhal perang menyangBatavia diwenehi arahan dening
panglimane kang kumpule ing paseban kemangi. Ing kana akeh prajurit kang mlebu
metu ning kemangi. Panggonan kuwi diarani Tlahab utawa Tlahaban.
Para punggawa
sing arep perang diatur lan ora entuk nyedhaki Paseban Kemangi.
Amarga wis ana panggonan dhewe yaiku ing sakiduling Paseban Kemangi,
cedhak wit laban kang gedhe ing panggonan kono, para punggawa nglengkapi
sanjata perang. Wit laban didadeake panggonan, sing diarani desa Laban. Sing
nanggung jawabi para punggawa babagan pangan yaiku Kyai Syafrudin.
Dalan
sing kanggo liwat tumuju paseban kemangi yaiku jalur lingkar ning lor lan uga
bisa lewat wetan (lewat darat). Panggonan kuwi dijaga dening punggawa kang
asale saka Pekalongan, pimpinan Kyai Tumenggung Panjirejo, ajudan Tumenggung
Mandurejo, Adipati Pekalongan. Panggonan jagan kuwi saiki dijenengi Desa Rejo
utawa Rejosari.
Perang
ning Batavia banjur kedadean. Ananging nalika para penggedhe saka
Paseban Kemangi padha gugur, isih ana wong tuwa sing ora gelem melu perang
menyang Batavia, sanajan ilmu sing diduweni dhuwur. Wong tuwa mau ora tega
ndelok peperangan. Dheweke banjur njaluk ijin njaga bekas panggonan paseban
saka telik sandi Batavia. Panggonan paseban mau ana ing pucuk laut lan
panggonan kuwi bisa kanggo sawah, panggonan kuwi banjur diarani Jungsemi.
Panggonan
kuwi banjur dikramatake. Amarga ora sembarang wong sing bisa mlebu ing kono.
Banjur ana kesapakatan yaiku yen para wong ndhuwuran arep bali ning Mataram,
panggonan sing gawe temon yaiku tetep ning Kemangi. Kyai Lasidin banjur diutus
kanggo njaga Jungsemi.
Akeh
pusaka tokoh Mataram sing disimpen ning Kemangi, klebu cambuk Amal
Rasuli weke Tumenggung Rajekwesi utawa Raden Sembara. Amarga mengkono,
Kyai Lasidin uga mageri lan nandur pusaka ing Kemangi. Kyai Lasidin pesen yen
arep khaul, kudu ning dina Jum’at kliwon wulan Asyura. Nanging yen ing wulan
kuwi ora ana dina Jum’ate, khaul bisa dilaksanakake ing wulan Maulud utawa
Rabiul Awal. Kyai Lasidin uga pesen supaya nyembelih wedhus sing wulune abang
lan ing bengkekane ana werna putihe kaya dene sabuk. Kuwi lambang saka
negara Indonesia arupa gendera abang putih.
Ing
khaul-khaul saben telung tahun, Kyai Lasidin nyaranake supaya nyembeleh kebo
bule. Kuwi kanggo peringatan wong-wong enom supaya waspada dening solah bawane
wong-wong sing pakulitan bule.
Ing
paseban kemangi, ana wong wadone loro yaiku Nyai Damariyah, adhine Pangeraang
Karang Anom, lan Nyai Turunsih. Nyai Damariyah iku garwane Pangeran Sambong.
Dheweke banjur dedonga kanthi khusuk supaya gandhulaning atine bisa slamet
nglaksanakake tugas perang ing Batavia. Dheweke dedonga ing pinggir laut
ing ngisor pandhan. Amarga mangkono, Nyai Damariyah luwih dikenal kanthi Nyai
Pandansari utawa Sri Pandan.
Dene
Nyai Turunsih tapa ing kulon. Panggonan sing dinggo tapa mau, saiki diarani
hilir Kali Turunsih, sing nduweni akar bakal cerita asal-usule desa Sendang
Sekucing.
Sing
diarani paseban kemangi, ujude saiki yaiku sakgundhukan lemah kang mirip
kuburan ing satengahing sawah. Ananging sabenere paseban kemangi iku panggonane
dawa saka desa Jungsemi nganti desa Sendang Sekucing. Panggonan-panggonan kuwi
nganti saiki dianggep keramat lan akeh wong sing ngarani angker.
Kaya
dene ceritane Dwianto,S.Pd, Kepala SMU Negeri 1 Cepiring taun 2003. dheweke
penasaran lan arep mbuktekake, yen jarene makam kemangi iku wingit. Bareng karo
bojone, dheweke nggoleki makam kemangi mau. Sanajan dheweke durung ngerti
panggonane makam, nanging dheweke ora nyerah takon mrana-mrene. Wong-wong sing
ditakoni padha njawab kanthi kaget. Uga ora padha wani nunjuk nganggo tangan.
Mung njawab kanthi omongan.
Dheweke
banjur nututi dalan sing diuduhi mau. Kira-kira 100 meter dheweke tekan dalan
sing tumuju ing makam, neng mburine banjur ana bocah cilik telu sing lagi
dolanan ning pinggir sawah. Bocah telu mau banjur nyedaki lan takon marang
dheweke. “Bapak lan Ibu apa arep lunga ning kuburaan kemangi?” Dheweke banjur
njawab, “Ya”. Bocah telu mau banjur ngeter dheweke lan bojone ning kuburan
kemangi.
Nalika
meh tekan makam, dheweke noleh memburi amarga arep ngomong matur nuwun. Dheweke
banjur kaget lan gethoke mrinding. Bocah telu mau wis ilang kanthi
cepete.
Pancen
antarane percaya lan ora percaya ngenai makam kemangi mau. Ananging miturut
cerita tutur akeh kedadeyan kang wingit ing makam kemangi, kayata :
1.
Akeh
bocah cilik ilang, lan ditemokake dening keluwargane ana ing satengahing sawah
sing ora adoh saka kuburan kemangi. Miturut bocah-bocah sing ilang mau, dheweke
ana ing kutha kang bangunane endah banget.
2.
Ujug-ujug
ana kiriman semen kanggo mbangun mesjid sing jumlahe saktruk tronton kebak.
Sawise ditampa lan didelok pengirime, jebule pengirime mau sing tau ilang ing
sekitare kuburan kemangi lan wisdianggep mati.
3.
Sawise
prastawa Mataram nyerang Walanda ing Batavia, diceritakake yen alam kemangi
kuwi dienggoni dening para lelembut kang asale saka Alas Roban. Ki Ageng
Penatus, omahe ing Gringsing, kang mindhah lelembut mau. Miturut cerita, tlatah
kemangi ora bisa dienggoni saka keturunan Ki Ageng Penatus.
4.
Lan
isih akeh maneh cerita-cerita sing aneh nanging nyata anane.
Alam
Kemangi sing wingit kuwi ana pengaruhe saka kekuatan ghaib kanga sale saka
“oyot miming” sing ditandur dening Tumenggung Rajekwesi utawa Ki Gedhe Kemangi
utawa Raden Sembara. Ing kono dijaga kanthi tanggung jawab dening Tumenggung
Wongsokerrto (putra Tumenggung Kertiwongso, Tumenggung sing asale saka Jepara),
sing luwih dikenal kanthi sebutan Mbah Lasidin.