Minggu, 23 November 2014

cerita rakyat



LEGENDHA RAWA PENING

Dinten menika nami dhusun ingkang kalebet wewengkon Kecamatan Ambarawa, Kabupaten Semarang. Kacariyos ing Ngasem wonten padhepokan kondhang. Sedaya puthut lan endhang sebatan kangge murid jaler lan estri sami mongkog manahipun pikantuk tuladha saking guru ingkang asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar kagungan budi wicaksana. Dene muridipun nama Ni Endhang Ariwulan ingkang elok lan ayu.
Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso ingkang biyasanipun kangge nyigar pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen wayah dalu. Kanthi ati kapeksa, piyambakipun matur dhateng Ki Hajar supados kersa ngampili peso. Ki Hajar kaget, nanging amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atos lan sampun ngantos peso kaselehaken ing pangkon.
Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Hajar rumaos lepat, nanging ingkang dipunlapuri boten duka.
Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan nggarbeni. Ki Hajar Salokantara banjur dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Hajar badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi pirantiawujud gentha utawa klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang bayi.

Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging polahipun kados jabang bayi sanes, saged nangis lan ngucap. Wingka katon kencana, jabang bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih tresna ngantos dewasa. Warga ingkang sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun ngawon-awon.
Naga ingkang sampun dewasa kalawau ing satunggaling dinten nyuwun priksa dhumateng Ni Endhang, sinten sejatosipun bapakipun, Ni Endhang maringi priksa menawi Ki Hajar menika bapakipun ingkang saweg tapa brata ing Redi Telamaya.
Naga lajeng mbekta klinthingan, nusul ing Telamaya. Ni Endhang saking katebihan ngetutaken. Naga wau medal lepen ingkang dawa, leren ing ngandhap selo, ingkang samenika dipunwastani selo sisik lan nerasaken lampah ngambah rawa, salajengipun liwat Kaligung, lerem malih ing satunggaling selo ingkang nama Sela Gombak.
Boten kesupen naga wau ngginakaken klinthinganipun.Ingkang sami sumerep lan mireng klinthinganipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthingan utawi Baru Klinthing.
Saking dinten, wulan lan taun sampun dipunlangkungi, Baru Klinthing dereng saged manggihaken panggenanipun Ki hajar Salokantara. Malah samenika kendha boten gadhah daya. Nanging saking katebihan mireng kidung lamat-lamat kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan.
Saking ketebihan Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing ingkang sampun manggihaken papanipun Ki Hajar Salokantara, lajeng manggen ing Sepakung. Ni Endhang mapan ing celak sendhang. Sendhang menika lajeng kasebat Sendhang Ari Wulana.
Ing pertapaan Telamaya, Ki hajar kaget mriksani naga ingkang dumugi lajeng manthuk-manthuk ngormati ing sangajengipun. Ki hajar pirsa menawi naga kalawau sanes naga ingkang ala, nanging naga ingkang gadhah manah becik. Naga wau lajeng matur dhumateng Ki hajar Salokantara. Saya kaget Ki Hajar, amargi boten nginten menawi naga wau saged wicanten.
Naga lajeng nyuwun pirsa, menapa leres menika dhusun Telamaya, pertapanipun Ki Hajar Salokantara. Ki hajar ngleresaken. Baru Klinthing bingah, lajeng matur menawi Ki hajar menika tiyang sepuhipun ingkang sampun dangu dipunpadosi ing paran. Boten kesupen Baru Klinthing lajeng sujud. Ki Hajar dereng pitados saestu, mila lajeng maringi pitakenan dhumateng Baru Klinthing sinten ibunipunlan saking pundi papan dunungipun. Baru Klinthing caos wangsulan  menawi ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan saking Ngasem. Ugi boten kesupen Baru Klinthing nedahaken klinthingan tilaranipun Ki hajar Salokantara.
Ki Hajar ngendika menawi klinthingan menika dereng cekap, amarga ing donya menika boten wonten ingkang gampil, nanging kedah wonten lelabetan lan kedah wonten panebusanipu. Supados saged dipunanggep putranipun Ki hajar, Baru Klinthing kedah nglampahi laku tarak brata. Laku tarak brata menika mlungkeri Redi Kendhil ngantos tepung galang.Tanpadipunmangertosi Baru Klinthing, Ki hajar ngetutaken saking wingking.Baru klinthing lajeng mlungkeri Gunung Kendhil ingkang dipundhawuhaken Ki Hajar, nanging sirah lan buntutipun boten tempuk, kirang sakilan. Pungkasanipun Baru Klinthing nyambung ngangge ilatipun. Ki Hajar lajeng medal mlumpat mungkes ilat menika.
Baru Klinthing kelaran nanging lajeng lerem manahipun. Ki Hajar maringi priksa menawi kekiranganipun boten saged dipuntutupi ngangge ilat, amargi ilat menika pusaka ingkang ampuh boten wonten tandhingipun. Ilat, jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat. Yen pinuju nuju prana, bisa amemikat, yen tan pener, bisa gawe getering jagad, “pratelane Ki hajar.
Baru Klinthing lajeng nerasaken tarak brata lan ilatipun kedamel pusaka ingkang awujud tombak Kyai Baru Klinthing. Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru Klinthing ingkang mlukeri redi sampun boten ketingal. Ingkang ketingal namung suket lan wit-witan ingkang ageng ing wana. Ki Hajar lajeng manggihi Ni Endhang, maringi priksa supados Ni Endhang mapakaken putranipun Baru Klinthing ing Dhusun Pathok menika kanthi laku ngrame.Pathok dhusun ingkang gemah ripah loh jinawi, nanging warganipun boten gadhah raos syukur.
Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen raya. Salah satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran susur, anggenipun mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul kajeng wau badanipun naga ingkang nama Baru Klinthing.
Naga lajeng dipunkethok-kethok kangge pista. Boten kanyana-nyana sukma Baru Klinthing ngetutaken warga ingkang mantuk sarana njilma dados pemudha bagus, gagah nanging reged. Namanipun Jaka bandung. Nalika pista pemudha wau nyuwun pangan nanging dipunsingkang-singkang. Pungkasanipun pemudha wau malah dipunsukani piwulang dening mbok randha ingkang asma Ni Endhang Ariwulana. Sasampunipun nedha lan criyos, jaka kalawau nilar pesen menawi mangke wonten swanten gumuruh simbok kedah mlebet lesung mbekta enthong lan sangu saprelunipun Jaka Bandung lajeng wangsul malih ing salebeting pistanipun para warga lan nyobi nyuwun tedhan malih.Nanging malah dipuntampik lan dipunisin-isin. Mila jaka nantang sinten ingkang saged njabut sada wau badhe dipunsembah ping pitu. Nanging boten wonten setunggal-setunggala ingkang saged.
Jaka bandung ingkang lajeng njabut sada wau. Sakala toya nyembur saking siti sakathah-kathahipun, njalari banjir bandhang ngelebaken dhusun saisinipun.Siti ingkang katut amargi sada dipunjabut dipununcalaken mengaler lan malih rupi dados redi alit ingkang aran Gunung Kendhalisada. Semanten ugi dhusun ingkang keleb amargi lumebering toya tilas sada, lajeng dados tlaga ingkang bening toyanipun, ingkang katelah Rawa bening ingkan samenika kasebat Rawa Pening.


Fabel Kancil lan Baya

Prastawa iki kedaden ana ing zaman peteng dhedhet ning Bumi Jawa, ora ana pepadhang saliyane srengenge, lintang lan rembulan, dunya dikebaki tetanduran rungkut lan gedhe-gedhe, nalikane alas isih jembar, wit-wit gedhe ngadheg mejejer, sawah-sawah ijo royo-royo, omah-omah manungsa durung ngebaki  lemah. Kewan-kewan isa guneman kayata manungsa. Sapa sing kuwat mesthi menang. Ing zaman kuwi ana sawijining kewan, kang awake cilik methentheng, sekel, nanging manis pawakane, yakuwi kang aran Kancil.
Kancil kuwi kewan sing prigel, seneng srawung karo kanca-kanca kewan liyane. Saking bocah kuwi pinter, kadang kala kanca-kancane nganti salah ngira menawa Kancil ki Bocah Nakal. Kancil sing diarani nakal kuwi, sakjane ora bener. Sing bener kancil iku kewan sing pinter. Nanging menawa nemoni bebaya apa wae dheweke mesthi isa uwal, ya mung amarga pintere, wasise lan kawicaksanane. Saking pintere Kancil kerep slamet utawa uwal saka bebaya lan isa nylametake kanca-kancane saka bebaya.
Ing sawijining dina, Kancil mlaku sireng-sireng dhewekan ning tengah alas Roban. Ndilalahe kok ya ndadak kepethuk Kali sing lagi banjir. Kancil katon mubeng minger nggolek cara ben isa tekan panggonan tan kena bebaya. Lagi methentheng menggalih kepiye ben isa tekan sebrang kali, dumadakan dikageti dening Baya, sing nguwasani Kali.
”Cil!!!! Piye kabarmu, apik-apik to, kok katon lemu awakmu, pakanmu apa Le, cah pinter…………….?”, kandhane Baya sok akrab ro rada meden-medeni kae.
”Wooo, apik wae Lik Baya………………….semana uga piye kabarmu, Lik?” celathune Kancil karo rada cubriya marang dheweke, atine wis krasa nek lagi ngadhepi bebaya.
”Aku kabare apik, Cil, …….ning eman, aku ki durung entuk pangan wis pirang-pirang dina iki, ora ana sing liwat ning kali iki, embuh apa dha apal pa ya nek liwat kene wedi ndhak tak brakot.
Kancil cubriyane saya gedhe lan wiwit nggolek cara ben ora kebrakot sing mbaureksa kali kuwi.
Ra let suwe ujug-ujug sikile Kancil digujengi karo Baya,”Cil, aku ngelih banget, gelem ya tak mangsa………….grrrrrrrrrrrrrrrrrrrrrr!”.
”Sik…sik Lik, kowe mau lak kandha nek aku rada lemu, mulakna kuwi engko ndhak marai kanca-kancamu ing kali iki dha ngamuk, amarga ora komanan awakku. Mendhing sesuk wae nek akeh brayatmu …………………”, kandhane Kancil karo nampel gujengane Baya.
Baya manggut-manggut, karo rada mangkel sajake, ”Yoh, engko tak kandhanane kanca-kancaku, ning tenan lho, aja ngapusi, tak oyak ning ngendhi wae kowe mlayu!………………”.
”Yo, Lik, tak enteni, sesuk isuk yo…………………”.
Baya lunga saka papan kuwi arep nggoleki kanca-kancane, karo ngobat-ngabitke buntute.
MITE JAKA TARUB

Wonten ing satunggaling dusun, wonten kaluargi ingkang naminipun mbok randa kaliyan putra kakungipun. Putra kakungipun ingkang sampun ngancik dewasa lan naminipun inggih menika Jaka Tarub. Padamelan saben dinten inggih menika madosi ron pisang utawi ron jati kangge dipun sade wonten peken ing saklebetipun kitha kudus. Ron menika dipunlintakaken kaliyan uwos kaliyan sarem kangge ulamipun saben dinten. Tindakanipun wonten peken ngantos pinten-pinten minggu saking tebihing kitha. Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedak wonten wana kangge ulamipun.
Wontan ing satunggaling dinten  ing kaluargi menika boten gadhah ulam kangge dhaharipun saben dinten lajeng Jaka Tarub matur kaliyan biyung kangge kesah wonten wana kangge mbebedak. Kados adatipun menawi mbebedak bidalipun bada’ subuh supados konduripun boten surup. Ananging boten ngertos menapa menika sampun dangu amargi boten angsal punapa-punapa, menika Jaka Tarub nembe apes, sampun sonten sampun dangu lampahipun Jaka Tarub boten manggih.
Satunggal punapa kemawon sato kewan. Namung Jaka Tarub menika boten putus asa piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing jeronipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa. Saking sayakipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos sare saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget lajeng Jaka Tarub sare ing sakjeronipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng suanten gumujuning tiyang-tiyang estri sami gumujengan. Amargi pengin ngertos suanten menika punapa lan saking pundi sejatosipun pramila Jaka Tarub madosi suanten menika. Piyambakipun menika boten percaya kalioyang ingkang Jaka Tarub mersani ing dalu menika Jaka Tarub kaget amargi ing tengahing wana wonten suanten widodari-widodari ingkang sami gumujengan sinambi siram lelangin ing sendang. Jaka Tarub nyaketi panggenan widodari menika ingkang nembe siram kala wau amargi dalu punika kaleresipun wulan purnama. Sanalika Jaka Tarub gadhah pamanggih pengin garwa satunggal pramila piyambakipun mundut rasukan satunggal lan dipunsinggitaken. Wonten satunggal widodari ingkang kicalan rasukan dipun tilar rencangipun sami widodari. Widodari menika duka lan nuwun lajeng widodari menika dipun caketi Jaka Tarub lan dipun reh-reh lajeng dipunbeta wangsul lan kagarwa dening Jaka Tarub, widodari menika gadhah nami Nawang Wulan.
Wonten ing satunggaling dinten Nawang Wulan sampun kagungan putrid saking Jaka Tarub ingkang naminipun Nawang Sih, amargi rasukan kathah ingkang reged pramila Nawang Wulan nyuwun JakaTarub kangge nenggani Nawang Sih kaliyan adangipun kanthi manthi-manthi, lan Jaka Tarub boten angsal mbukak kekep. Saktindakipun Nawang Wulan wonten lepen Jaka Tarub malah kepengin ngertos isinipun kekep, menika punapa Jaka Tarub kaget menapa amargi ingkang dipun adang garwanipun naming satunggal kantun kemawon. Saking kedadosan punika kaseteripun Nawang Wulan dados widodari ical lan adangipun satunggal las dados satunggal bugak ical. Pramila mulai nutu pari adangipun uwos dados limrahipun tiyang gesang wonten brebayan amargi pantunipun telas kantun rentengan wonten lumbung.
            Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglengkep gelaran klasa kados pundi kegetipun manah Nawang Wulan mersani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa, piyambakipun kaget amargi piyambakipun duka dumateng garwanipun amargi sampun dipun apusi. Nawang Wulan menika mutusaken kangge minggah kayangan malih lajeng ngagem rasukan. Sakderengipun minggah ing kayangan Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih yen kepureh kangen mersani mbulan amargi ing tengahing bulan wonten bayangipun Nawang Wulan. Anaging sak sampunipun dugi kayangan Nawang Wulan boten dipun tampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Nawang Wulan menika lingsem lan boten purun jelma malih dados manungsa, amargi rekaos gesangipun pramila Nawang Wulan nglalu wonten segara kidul wonten segara kidul lan dados Ratu Kidul ingkang gadhah naminipun Nyi Roro Kidul.
SAGE PASEBAN KEMANGI

Nalika Sultan Agung arep perang ngalawan Walanda ingBatavia, kabeh Adipati, Tumenggung lan para penggedhe kerajaan nganakake rembugan ing kerajaan Mataram. Banjur nemtukake panglima perange. Kang dipilih miturut kasepakatan mau yaiku Tumenggung Bahurekso, Adipati Kendal uga dadi Gubernur Pesisir Laut Jawa.
Bahurekso banjur nganaake rembugan kanggo persiapan perang nglawan Walanda. Dheweke ora milih tlatah ing pendhapa kadipaten, amarga tlatah sing dienggo rembugan kudu dirahasiakake. Banjur dipilih tlatah ing satengahing sawah, penere ing ngisor wit gedhe. Wit kuwi ing jaman saiki diarani “wit kemangi”.
Wit kuwi mapane ing tengah sawah (yen saiki neng tengah makam), Desa Jungsemi Kecamatan Kangkung. Wit kemangi kuwi awujud wit kang lurus mendhuwur kaya dene payung. Nalika para paseban nganakake rembugan ing kana, ora bisa didelok marang wong liya amarga dipayungi dening wit kemangi. Dipayungi tegese dipegeri nganggo “oyot mimang” kang ditandur dening Tumenggung Rajekwesi utawa Ki Gedhe Kemangi supaya ora bisa didelok dening telik sandine Walanda. Amarga mangkono, panggonan kuwi dijaga kanthi temen. Ora mung semono, ing kono uga dijaga kanthi cara batin lan spiritual.
Miturut crita tutur, oyot mimang asale saka ayat Al Qur’an. Oyot asale saka ayat. Dene mimang dijupukake saka ayat kursi. Ing ayat kursi ana pitung tembung “Ma”, satembung “Min” lan satembung “Man”.
Nalika semono panggonan kang tumuju ing paseban kemangi rame banget, amarga akeh wong dhuwuran lan leluhur Mataram tumuju ing kana. Ing saben panggonan dijaga dening para punggawa kang asale saka kadipaten Kendal. Nalika arep menyang paseban kemangi, ora bisa padha langsung tumuju ing kana. Ananging padha leren dhisik ing Padhepokan Laduni Faqoh, sing duwe Tumenggung Rajekwesi. Ing padhepokan kono nduweni daya spiritual kang gedhe banget.  Panggonan kuwi diarani desa Depok utawa Sukodadi (saiki).
Tumenggung Rajekwesi lan Kyai Akrobudin kang direwangi dening santri-santrine ngladeni wong-wong ndhuwuran uga prajurit sing jumlahe akeh banget. Dheweke uga nyiapake sangu nalika perang ingBatavia. Ananging ana masalah babagan ngileni sawah. Panggonan kang diliwati kali sing digawe dening Tumenggung Rajekwesi lan Kyai Akrobudin, dijenengi desa Kaliyoso.
Para pimpinan punggawa sing arep budhal perang menyangBatavia diwenehi arahan dening panglimane kang kumpule ing paseban kemangi. Ing kana akeh prajurit kang mlebu metu ning kemangi. Panggonan kuwi diarani Tlahab utawa Tlahaban.
Para punggawa sing arep perang diatur lan ora entuk nyedhaki Paseban Kemangi. Amarga wis ana panggonan dhewe yaiku ing sakiduling Paseban Kemangi, cedhak wit laban kang gedhe ing panggonan kono, para punggawa nglengkapi sanjata perang. Wit laban didadeake panggonan, sing diarani desa Laban. Sing nanggung jawabi para punggawa babagan pangan yaiku Kyai Syafrudin.
Dalan sing kanggo liwat tumuju paseban kemangi yaiku jalur lingkar ning lor lan uga bisa lewat wetan (lewat darat). Panggonan kuwi dijaga dening punggawa kang asale saka Pekalongan, pimpinan Kyai Tumenggung Panjirejo, ajudan Tumenggung Mandurejo, Adipati Pekalongan. Panggonan jagan kuwi saiki dijenengi Desa Rejo utawa Rejosari.
Perang ning Batavia banjur kedadean. Ananging nalika para penggedhe saka Paseban Kemangi padha gugur, isih ana wong tuwa sing ora gelem melu perang menyang Batavia, sanajan ilmu sing diduweni dhuwur. Wong tuwa mau ora tega ndelok peperangan. Dheweke banjur njaluk ijin njaga bekas panggonan paseban saka telik sandi Batavia. Panggonan paseban mau ana ing pucuk laut lan panggonan kuwi bisa kanggo sawah, panggonan kuwi banjur diarani Jungsemi.
Panggonan kuwi banjur dikramatake. Amarga ora sembarang wong sing bisa mlebu ing kono. Banjur ana kesapakatan yaiku yen para wong ndhuwuran arep bali ning Mataram, panggonan sing gawe temon yaiku tetep ning Kemangi. Kyai Lasidin banjur diutus kanggo njaga Jungsemi.
Akeh pusaka tokoh Mataram sing disimpen ning Kemangi, klebu cambuk Amal Rasuli weke Tumenggung Rajekwesi utawa Raden Sembara. Amarga mengkono, Kyai Lasidin uga mageri lan nandur pusaka ing Kemangi. Kyai Lasidin pesen yen arep khaul, kudu ning dina Jum’at kliwon wulan Asyura. Nanging yen ing wulan kuwi ora ana dina Jum’ate, khaul bisa dilaksanakake ing wulan Maulud utawa Rabiul Awal. Kyai Lasidin uga pesen supaya nyembelih wedhus sing wulune abang lan ing bengkekane ana werna putihe kaya dene sabuk. Kuwi lambang saka negara Indonesia arupa gendera abang putih.
Ing khaul-khaul saben telung tahun, Kyai Lasidin nyaranake supaya nyembeleh kebo bule. Kuwi kanggo peringatan wong-wong enom supaya waspada dening solah bawane wong-wong sing pakulitan bule.
Ing paseban kemangi, ana wong wadone loro yaiku Nyai Damariyah, adhine Pangeraang Karang Anom, lan Nyai Turunsih. Nyai Damariyah iku garwane Pangeran Sambong. Dheweke banjur dedonga kanthi khusuk supaya gandhulaning atine bisa slamet nglaksanakake tugas perang ing Batavia. Dheweke dedonga ing pinggir laut ing ngisor pandhan. Amarga mangkono, Nyai Damariyah luwih dikenal kanthi Nyai Pandansari utawa Sri Pandan.
Dene Nyai Turunsih tapa ing kulon. Panggonan sing dinggo tapa mau, saiki diarani hilir Kali Turunsih, sing nduweni akar bakal cerita asal-usule desa Sendang Sekucing.
Sing diarani paseban kemangi, ujude saiki yaiku sakgundhukan lemah kang mirip kuburan ing satengahing sawah. Ananging sabenere paseban kemangi iku panggonane dawa saka desa Jungsemi nganti desa Sendang Sekucing. Panggonan-panggonan kuwi nganti saiki dianggep keramat lan akeh wong sing ngarani angker.
Kaya dene ceritane Dwianto,S.Pd, Kepala SMU Negeri 1 Cepiring taun 2003. dheweke penasaran lan arep mbuktekake, yen jarene makam kemangi iku wingit. Bareng karo bojone, dheweke nggoleki makam kemangi mau. Sanajan dheweke durung ngerti panggonane makam, nanging dheweke ora nyerah takon mrana-mrene. Wong-wong sing ditakoni padha njawab kanthi kaget. Uga ora padha wani nunjuk nganggo tangan. Mung njawab kanthi omongan.
Dheweke banjur nututi dalan sing diuduhi mau. Kira-kira 100 meter dheweke tekan dalan sing tumuju ing makam, neng mburine banjur ana bocah cilik telu sing lagi dolanan ning pinggir sawah. Bocah telu mau banjur nyedaki lan takon marang dheweke. “Bapak lan Ibu apa arep lunga ning kuburaan kemangi?” Dheweke banjur njawab, “Ya”. Bocah telu mau banjur ngeter dheweke lan bojone ning kuburan kemangi.
Nalika meh tekan makam, dheweke noleh memburi amarga arep ngomong matur nuwun. Dheweke banjur kaget lan gethoke mrinding. Bocah telu mau wis ilang kanthi cepete.
Pancen antarane percaya lan ora percaya ngenai makam kemangi mau. Ananging miturut cerita tutur akeh kedadeyan kang wingit ing makam kemangi, kayata :
1.             Akeh bocah cilik ilang, lan ditemokake dening keluwargane ana ing satengahing sawah sing ora adoh saka kuburan kemangi. Miturut bocah-bocah sing ilang mau, dheweke ana ing kutha kang bangunane endah banget.
2.            Ujug-ujug ana kiriman semen kanggo mbangun mesjid sing jumlahe saktruk tronton kebak. Sawise ditampa lan didelok pengirime, jebule pengirime mau sing tau ilang ing sekitare kuburan kemangi lan wisdianggep mati.
3.            Sawise prastawa Mataram nyerang Walanda ing Batavia, diceritakake yen alam kemangi kuwi dienggoni dening para lelembut kang asale saka Alas Roban. Ki Ageng Penatus, omahe ing Gringsing, kang mindhah lelembut mau. Miturut cerita, tlatah kemangi ora bisa dienggoni saka keturunan Ki Ageng Penatus.
4.            Lan isih akeh maneh cerita-cerita  sing aneh nanging nyata anane.
Alam Kemangi sing wingit kuwi ana pengaruhe saka kekuatan ghaib kanga sale saka “oyot miming” sing ditandur dening Tumenggung Rajekwesi utawa Ki Gedhe Kemangi utawa Raden Sembara. Ing kono dijaga kanthi tanggung jawab dening Tumenggung Wongsokerrto (putra Tumenggung Kertiwongso, Tumenggung sing asale saka Jepara), sing luwih dikenal kanthi sebutan Mbah Lasidin. 



Tidak ada komentar:

Posting Komentar